Kasmaran
Cah ayu sing nganggo krudung biru
Nyawang esemmu aku ora bisa turu
Sakala hamung legeg buneg bunteg
Netramu tansah mlaku-mlaku sak jroning uteg
Canthaka monya jeroning warih tansah nyemoni
Mring aku sing nandang kasmaran
Karo bocah ayu krudung biru
Sing tak temoni awan mau
Parandene hamung kembeng-kembeng ing telenging wardaya
Kandeg ing lathining atenggak
Datan kawijil pocapanku
Yen sejatine aku tresna sliramu
Be the first to reply!
Posting Komentar