November 26, 2015

Panata Cara Temanten



Assalamu’alaikum wr. wb
Karaharjan berkah dalah rahmat kagunganipun Gusti Ingkang Mirah mugi tansah tumedhak lan tumanduk kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah dumateng kulawarga waradin sagung dumadi lestantun raharja
Ingkang tuhu kinabekten para sesepuh myang pinisepuh ingkang tansah nindakaken mring wewarahing kautaman kinarya tepa palupining putra wayah
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab suci wahyuning Illahi, ingkang satuhu luhur ing budi
Para manggalaning praja kinarya pangayomaning pabrayan ingkang tuhu pantes sinudarsana
Para kadang werda, madya, taruna sumrambah para kadang panawung kridha darma ingkang tansah cinaket ing manah, tinangkep ing kekadangan saha tinangsulan raos pasedherekan rinonce sekaring katresnan
Para kadang sutresna budaya adiluhung ingkang tansah memetri mardawaning budaya tulus ingkang pantes nampi pakurmatan
Para tamu kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan
Kalangkung rumiyin sumangga kula dherekaken muji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, nenggih Gusti Gung ingkang minangka sumbering sumber hanyumberi sekabehing sumber, nenggih Allah SWT. Kacihna sampun mbabar kanugrahan ingkang mawurahan, paring kekiyatan dalah kawilujengan satemah panjenengan sedaya dalasan kula saged pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi winengku ing suka dalah basuki
Rahmat saking Allah SWT mugi tetep linuberna dhumateng priyagung paunggulaning manungsa sesotyaning bumi mustikaning jagad: nenggih Nabi agung Muhammad SAW dalah kulawarga sumrambah para sahabat, mugi saget lumuber dhumateng sagung pandherek kalebet panjenengan sedaya dalasan kula, ingkang tansah hangantu-antu payung pitulunganipun utawi syafa’atipun wiwit wonten donya dumugi ing dinten kiyamat
Salajengipun mugi wonten kepareng kula ........ saking ........... cumanthaka lumarap atur satemah hangirangi kamardikan nyigeg anggenipun wawan pangandikan. Kula ingkang kapiji minangka juru pangendali wara kinen handherekaken upacara wiwahan dhauping penganten sarimbit, nenggih atmaja putrinipun bapa ...... ingkag asesilih ........ kaliyan bagus ..... putra kakungipun bapa ...... ingkang lenggah dedalem ing tlatah.....

Sanggyaning tamu kakung saha putri ingkang tansah sinugata ing pakurmatan, wondene reroncening adicara ingkang badhe hengrenggani upacara wiwahan dhauping penganten sarimbit ing wekdal menika ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening kulawarga sumrambah para kadang panawung kridha darma, nenggih ingkang badhe katur mekaten:
1.     Titi laksana ingkang sepisan nenggih pambuka
2.     Kalajengaken adicara ingkang urut kalih nenggih lumarabing sri atmaja penganten putri ing sasana rinengga
3.     Ingkang rinacik ing adicara urut tiga nenggih rawuhipun penganten kakung kalajengaken srah panampi
4.     Wondene adicara urut sekawan, upacara adat panggihing penganten sarimbit
5.     Pamaosing ayat suci Al-Qur’an rinacik ing adicara urut gangsal
6.     Ndungkap adicara ingkang urut enem, nenggih atur pambagyaharja
7.     Kirabing temanten, rinonce ing adicara urut pitu
8.     Saparipurnaning kirab, tumuli kalajengaken adicara ingkang urut wolu nenggih wedharing sabdatama
9.     Lajuning upacara ndungkap adicara ingkang urut sanga nenggih hastungkara utawi donga
10.                        Wondene ingkang minangka pungkasaning adicara nenggih panutup

Mekaten sagung tamu kakung saha putri, reroncening adicara ingkang badhe angrenggani pawiwahan ing wekdal menika

Salajengipun kanthi tansah hanyadhong pangayoman mring Gusti ingkang maha agung, mugi tumapaking gati wiwit purwa madya dumugi wasana tansah pikantuk payung kawilujengan satemah lestantun raharja

Rehning sedaya sampun samekta tuwin satata miwah sri atmaja penganten sarimbit ugi sampun purna nggenya ngrasuk busana temanten, pramila adicara tumuli badhe kula wiwiti
Minangka pambuka, kula ngaturaken sesanti “PAMIYAKING WARANA KINARYA SARANA HAMEMAYU HAYUNING SASAMA”
Katur dhumateng para tamu, kula dherekaken sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih hangantu adicara salajengipun, nuwun.

Romeltea Media
MUHTAR S. HIDAYAT USIQ WONOSOBO Updated at:
Get Free Updates:
*Please click on the confirmation link sent in your Spam folder of Email*

Be the first to reply!

Posting Komentar

 
back to top