November 27, 2015

TULADHA HASTUNGKARA



Hastungkara Pambuka
(donga pambuka)


Assalamu’alaikum wr. wb
Ø  Bapa/Ibu Dwija ingkang dahat kinurmatan (tuhu kinurmat)
Ø  Para kadang siswa ingkang sutresna ing budhi (cinaket ing manah)
Ø  Kinarya murwakani lampahing pawiyatan ing dinten punika, sumangga langkung rumiyin kula aturi jumeneng sawetawis, saperlu manungku puja, nyuwun mring Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi-mugi panjenengan sedaya dalah kula pinaringan kawilujengan salebetipun nderek Pawiyatan saha manah ingkang gumregah satemah saged kaconggah punapa ingkang dipun angkah
Ø  Manungku puja miturut ageman kapitadosan piyambak-piyambak, sumangga...
Ø  Manungku puja purna
Ø  Kalajengaken ngumandangaken lancaran permadani kuncara kanthi buka celuk dawah etangan kaping tiga kawiwitan..! ..... setunggal ..... kalih...!
Ø  Para kadang siswa kula aturi lenggah malih, kanthi suka rinaning penggalih
Ø  Dhumateng Bapa/Ibu Dwija, kula sumanggakaken
Ø  Nuwun, matur nuwun


Hastungkara Panutup
(dongan panutup)

Assalamu’alaikum wr. wb
Ø  Bapa/ibu Dwija ingkang dahat kinurmatan
Ø  Para kadang siswa ingkang sutresna ing budhi
Ø  Pinangka panutuping pawiyatan ing sonten punika, sumangga kula aturi jumeneng sawetawis, saperlu manungku puja, atur panuwun mring Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi kekiyatan dhateng panjenengan sedaya dalasan kula satemah saged ndherek pawiyatan tansah lestantun raharja
Ø  Manungku puja miturut ageman kapitadosan piyambak-piyambak, sumangga...!
Ø  Manungku puja purna
Ø  Para kadhang siswa kula aturi lenggah malih, saperlu tata-tata nyamaptaaken punapa ingkang badhe kaasta kondur
Ø  Nuwun, maturnuwun
Ø  Sugeng kondur
Wassalamu’alaikum wr. wb 

Romeltea Media
MUHTAR S. HIDAYAT USIQ WONOSOBO Updated at:
Get Free Updates:
*Please click on the confirmation link sent in your Spam folder of Email*

Be the first to reply!

Posting Komentar

 
back to top